Friday, June 16, 2017

Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula Buatan Sendiri

Ilmu Hexa; Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula Buatan Sendiri
Dhandhanggula adalah salah satu tembang macapat yang memiliki filosofi menggambarkan tentang kehidupan pasangan baru yang sedang berbahagia karena telah berhasil mendapatkan apa yang diimpikan. Kata dhandhanggula berasal dari kata “dandang” dan “gula” yang berarti sesuatu yang manis. Baca lebih lanjut tentang kumpulantembang macapat.


Watak Tembang Dhandhanggula

Watak tembang dhandhanggula yaitu menggambarkan sifat yang luwes dan merasuk ke dalam hati. Tembang ini dapat digunakan untuk menuturkan kisah dalam berbagai hal dan kondisi apapun. Tembang ini memiliki guru gatra yang paling banyak dengan jumlah gatra 10 dan guru wilangan dan guru lagu
10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a

Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula Buatan Sendiri

Disini, Ilmu Hexa akan membagikan Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula yang dibuat oleh admin Ilmu Hexa dan teman-temannya. Mohon maaf apabila tembang dibawah ini tidak nyambung ke sifat tembang Dhandhanggula karena kami diberi kebebasan untuk memilih tema dan tidak harus memiliki sifat yang sama. Ada 10 tembang macapat gambuh yang hexa bagikan. Berikut Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula Buatan Sendiri.

Ana bocah sing jenenge Sisri
Kasenenge ngrewangi wong tuwa
Ingkang becik tumindakke
Ra tau ngomong saru
Seneng sholat lan seneng ngaji
Mring kanca tepa slira
Lan ra seneng nesu
Emane maring kakanca
Jan bocahe ngurmati marang sesami
Mula dadi tuladha (Karya Zaki Husna Dan Andra Carel)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadia bocah sing bagus solah kawane

Yen arepa ndaftar STAN saiki
Kudu sregep ndunga lan usaha
Lan sing sregep sinaune
Olah ragane kudu
Waras badan, waras jasmani
Sukur koe ketampa
Kudu ngucap sukur
Lan eling marang wong tuwa
Ingkang sampun aweh restu lan ngragadi
Supaya olih berkah (Iqbal Auni dan Irkhas Ismaya)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku yen arep mlebu STAN ya kudu sregep usaha lan ngibadah, yen wis mlebu kudu eling marang wong tua kang wis ndongani lan ngragadi

Angger kowe pengin biji apik
Mula kowe pada akeh maca
Bar kuwe garap soale
Tapi aja kesusu
Gole nggarap ya sing teliti
Nek uwis ngelakokna
Aja lali sukur
Sukur maring Gusti Allah
Nek hasile jebulane urung apik
Kuwe kudu ditrima (Fathur Rachman dan Rahman Hilmy)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku nek pengin entuk biji/nilai sing apik kudu akeh maca lan garap latian soal. Nek hasile urung apik, kudu ditrima lan aja lali sukur.

Jaman ganu kowe urung lali
Tapi siki kowe uwis lunga
Lunga karo wong sing sejen
Tegane ko ming aku
Lara ati pas nyong menangi
Koe karo wong liya
Nyatane tresnaku
Ra pindah maring wong liya
Tapi kowee malah ora duwe ati
Ninggal aku dewekan (Alifka Deti dan Siti Laely)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi wong kudu njaga atine wong liya, kudu sabar, setia, lan nerima apa sng wis dadi kanyatan.

Yen sinau aja males mikir
Dadi siswa kudu sregep maca
Ingkang ana manfaate
Sarta kang olih ilmu
Lan ngibadah uga ja lali
Apik marang wong liya
Bekti marang ibu
Lan uga ngormati bapak
Ayo kanca mula dadi wong sing becik
Slamet  dunya akherat (Atika Rakhma dan Yunita Ayu)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi bocah sing sregep sinau lan maca, uga sregep ngibadah, bekti marang ibu lan bapak, sarta apik marang wong liya. Ben slamet dunya akhirat.

Ayo kanca sinau kang becik
Supaya urip ora rekasa
Amarga dadi wong pinter
Uripe dadi mujur
Kaliyan saged dikurmati
Sing penting duwe niat
Aja seneng mlincur
Mirengna guru ngendika
Yen pada duwe ilmu kudu ngajeni
Mula urip ketata (Rezky Dwianti dan Rizki Savira)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi wong kudu sregep sinau amarga sinau akeh manfaate

Banda kuwe ra digawa mati
Urip kuwe nggo dzikir lan ndonga
Urip sing ana gunane
Aja lali bersyukur
Kudu urip apik lan becik
Mula olih pahala
Nggo nang alam kubur
Ben mengkone mlebu surga
Kudu siap diundang malekat Izrail
Ninggalna dunya fana (Puspa Dewanti dan Sabrina N.H.)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku urip kuwe mung sepisan, mula yen urung diundang Malaikat Izrail, dewek kudu urip sing becik lan ana gunane.

Dadi murid iku kudu bekti
Aben dina sinaukang nyata
Sinaune kanthi sae
Nduwe sikap kang luhur
Lan kang jujur sarta kang rajin
Aja dadi wong ala
Aja ngomong saru
Aben dina sregep ndonga
Marang tiyang sepuh prilakune becik
Dadi wong kang miguna (Arif Nur Aziz dan Dody Rafiqo)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi murid kudu bekti, sinau sing sae, nduwe sikap kang luhur, jujur, rajin. Aja dadi wong ala, aja ngomong saru. Sregep ndonga. Marang tiyang sepuh kudu becik lan dadi wong kang miguna.

Ana bocah lan batire lagi
Bebarengan dolanan nang njaba
Pada ngakak dolanane
Sarta ra wruh ing wektu
Ra ngibadah lan ra ngerteni
Sukur ngerti amanah
Saking wong tuwamu
Ngerteni tanggamu yo mas
Amargane iku becik dilakoni
Supaya ora dosa (Ardian Fattah, Argi Havellan, dan Vebryantoni)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi bocah aja dolan bae kudu ngerti wektu lan kudu ngrungokna amanah kang wong tuwa

Wong saiki akeh sing ngajari
Tuturane akeh sing do ala
Podo uga tumindake
Ben dina sering weruh
Masyarakat pada nyontoni
Ukum ra ditegakna
Aja ngasih mbanjur
Tuturan lan tumindakan
Sing ra apik nular maring bocah cilik
Nggo generasi bangsa (Karya Fabian Roshan dan Fadhiyyafi Zhafran)
Piwulang becik tembang kasebut yaiku dadi wong kudu tumindak apik

Itulah 10 contoh tembang macapat yang dapat Ilmu Hexa bagikan. Untuk mengetahui tembang macapat lainnya kamu bisa membaa artikel Kumpulan Tembang Macapat. Kunjungi selalu Ilmu Hexa untuk mendapatkan informasi terbaru tentang pendidikan. Terimakasih.

Semoga bermanfaat.

Seorang Mahasiswa PWK yang suka jalan-jalan dan mengabadikan tiap momen. Mau bikin blog tentang ilmu PWK tapi terlalu berat. Jadinya bikin blog ini buat ngeshare aktivitas jalan-jalan yang nyinggung dikit ke PWK

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Contoh Tembang Macapat Dhandhanggula Buatan Sendiri

3 Komentar:

  1. makasih banyak. sangat membantu:D gak tau mau balas pake apa

    ReplyDelete
  2. Nah ini yang dicari mantap gan infonya...


    www.allaboutgeo-edu.blogspot.com/

    ReplyDelete
  3. Makasih 🥰
    Udah membantu 🙏

    ReplyDelete